Senin, 12 April 2010

PENARASIAN

1. “So-Loso!” mengkono pamuwuhé marang abdiné, “lawang-lawangé kok ora dibukaki, ta?”
Narator : R. Tatasutaka
Narati : Loso
Hal : 5

2. “Apa wis awan ngéné ja arep mangkat kantoran, ta?” pitakoné Bu Tata karo siaga arep ndjupukaké anduk lan sabun.
“Menjang pisan; wong lagi wajah ngéné. Luwih – luwih iki dina Setu akèh gawéjan.. Kéné anduké, tak adus sing seger. Sirahku arep dak gebjur karebèn anjep”, wangsulané R. Tata karo nampani anduk lan sabun kang diulungaké Bu Tata.
Narator : Bu Tata
Narati : R. Tatasutaka
Hal : 6

3. “Kowé arep pa pijé ta, kang? Iki lo blimbingé seger-seger, tur sambelé krasa trasiné.”
“Wah, kowé kuwi jèn bangsa djajan kok nobataké temen. Mengko sing dodol lotis during lunga, kowé rak wis njaluk apa manéh. Dupèh bapakmu ngudja baè kowé kuwi.”
Narator : Kuswiti
Narati : Loso
Hal : 9

4. “ Kus, wis rampung apa olehmu njapu ? Jen wis rampung gek kae memean-memean sing isih ana sampiran kae, digawa mlebu kabeh; dadi mengko ngarepake wajah surup wis resik lan sawantji-wantji ana tamu ora katon saru pating slampir", mangkono pangandikane Bu Tata, karo tangane tudang - tuding mrenahake Kuswiti, kang tumuli nandangi apa parintahe ibune.
Narator : Bu Tata
Narati : Kuswiti
Hal : 10

5. “Sampun mriki rumijin kemawon, Bu. Tijang taksih sumuk, malah seketja wonten ndjawi, isis. Bapak taksih sare punapa, Bu ?”
“Kiraku - Nanging wong mau ja wis dehem-dehem barang"
Narator : Pratiwa
Narati : Bu Tata
Hal : 12

6. Bareng bu Tata arep njingkirake tjangkir, R Tata djumedul saka kamar kereh-kereh: Eee-adja disingkirake disik, Bu! Tak ombene bandjur salinana sing panas, bareng karo Pratiwa sisan. Kowe rak ja matuk ta, Wa - kopi ?"
“Wah boten Pak, kula sabenipun teh kemawon, mangke mindak angel tilemipun. Utawi pantjen inggih boten kulina".
Narator : Raden Tatasutaka
Narati : Pratiwa
Hal : 12

7. “Kae apa ana mburi, lagi ngenget djangan kanggo dahar sore", bu Tata nerangake. “rep njang mburi apa pije?
“Sampun, bu", wangsulane Pratiwa karo ngurupake korek kanggo R. Tata kang wis ngakep rokok lintingane.
Narator : Bu Tata
Narati : Pratiwa
Hal : 12

8. “Karo sapa olehmu arep nonton ?"
Karo kowe ta mestine, apa ja karo Bapak Sibu !"
O - jen ngono dak dandan pisan. Aku wong ja mung kari salin klambi".
Narator : Kuswiti
Narati : Pratiwa
Hal : 13

9. “Jen kanggone kowe sikapmu menjang aku rak ja ora barang-barang ta, Kus?”.
Kuswiti ora kumetjap, nanging mung gedeg.
Narator : Pratiwa
Narati : Kuswiti
Hal : 14

10. Pratiwa mesem njawang Kuswiti kang isih tumungkul. Bareng pelajan wis mungkur, karo njedakake piring sega goreng marang Kuswiti, mbandjurake omonge: “enja Kus, kowe mau rak durung mangan, ta?".
Kuswiti anggone njendoki sego-goreng telap-telep katone enak dasar pantjen ja krasa luwe.
Narator : Pratiwa
Narati : Kuswiti
Hal :15

11. Bu Tata tumuli sumela matur: “La kepriye ta Pak? Tumandjane duwit utangan bijen kae keprije ? Wong wis dilunasi nganggo nggadekake omah barang, kok isih waf. Apa jen mengkono atange iku luwih saka limang ewonan rupijah?"
“ Saka pangiraku ja mangkono. Kadjaba kuwi wong ja lijane maneh utangku isih pating srendil", R. Tata mangsuli karo ngawetake lati, katon banget manawa panggalihe djudeg.
Narator : Bu Tata
Narati : R. Tatasutaka
Hal. : 17
12. “Inggih Pak Tata rak wonten ndalem, ta Bu?”
“Wonten, mangga dipun seketjakaken lenggah rumijin, mangke kula aturanipun”.
Sapa ta mungguh tamune R. Tata mau? Tamune mau jaiku Den Wiro.
Narator : Den Wiro
Narati : Bu Tata
Hal : 17 - 18

13. Tekan ndalem Bu Tata matur karo kakunge: “Galo Pakne, tamune - Den Wiro. Jen arep nemoni ndadak siram disik apa pije ?".
R. Tata gurawalan anggone menjat ngadeg: Wis, ora susah adus barang. kae djupukna iketku wae", mangkono pangandikane karo kranggen andjupuk beskap kang tjemantel ana tjagak.
Narator : Bu Tata
Narati : R. Tatasutaka
Hal : 18

14. “Bu, bu", mangkono pitakone" sing kakung; “Pak Tata mau rak ora ngrembug putrane wadon, ta ? Apa jen mangkono sing dianggo wigati mung bab kasaguhane Mas Tohid, anggone gelem aweh tukon duwit sepuluh ewu rupijah".
Wis ben, wis-kuwi tanggungane Pak Tata dewe; apa
genduk Kuswiti uwis apa during duwe patjangan. Sing
penting jen Pak Tata setudju, terus kita rampungake karo
Mas Tohid. Bisan enggal kalakon ora kurang sawidji apa, beres", sambung Den Wiro putrid.

Narator : Den Wiro
Narati : Den Wiro Putri
Hal : 19

15. “Pije ta Pak ? Aku mestine ja ora wani nduwa banget marang kersamu. Ning sing dak pikir kuwi, gek keprije manawa nganti keprungu karo Pratiwa, Tumrap Si Kus mestine pandjenengan bisa nggerba", pitakone bu Tata rada ngandung kuwatir.
“Wis ta bu, bab botjah2 adja kok sumelangake. Si Kus wis ana tanganku, dene manawa ana pitakone Tiwa, gampang. Sing perlu kuwi, bisane enggal kelakon omah bisa katututan, ora sida kabur. Marga kaja apa isinku, manawa omah iki sida kabur, mangka utangku ndjaba isih paling grendel.
Narator : Bu Tata
Narati : R. Tatasutaka
Hal : 19

16. “Tjoba Kus, aku saiki arep rembukan tenanan. Mungguh sesambungamu karo masmu Pratiwa iku sedjatine keprije ?".
“Lo-sibu ki kok aneh", wangsulane Kuswiti anjep.
“Mula aneh Kus, amargi iki bakale arep ana lelakon kang nganeh-anehi pisan".
Narator : Bu Tata
Narati : Kuswiti
Hal : 20

17. “Saweg kaping sepisan kok mbakju". ,
“Rak ja pada sugeng, ta dik ?" pitakone mbakju Potro karo nggered kursi mernahake tamune.
“Wiludjeng, mbakju”, Pratiwa mangsuli karo mesam-mesem.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 21 – 22

18. “Heeeh - inggih mbakju; ha ja wong ki betjik jen blaka pisan, dasar wis kebetek tjangkrimane".
“Apa - dik Pratiwa isih kerep sowan njang Tatasutakan ta, mestine ?" pitakone mbakju Potro karo njawang kepengin krungu wangsulane Pratiwa.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 22

19. “Eeem - dadi seprana seprene kae dik Pratiwa during nate ta, diadjak ngendikan bab katentuane karo Pak Tata ?"
“Dereng babar pisan, mbakju”.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 22

20. “Ah mboten dados punapa, mbakju. Pantjen inggih makaten. kasinggihan ngendikanipua mbakju. Kuswiii pantjen lare ingkang kesangeten anggenipun mbandel. Nanging inggih wonten anehipun, mbakju. Sinten ta ingkang gadah krenteg taken dateng mbakju punika ? Inggih pijambakipun lo rak aneh, ta ?"
“Ooo, ngono ta dik?”
‘Inggih saestu, mbakju”, wangsulane Pratiwa nemenake.
Narator : Pratiwa
Narati : Mbakyu Potro
Hal : 23

21. “Lo, punapa pandjenengan dereng ngertos?”
“Ngertos napa?” pitakone Pratiwa ngesuk.
“Bendjing emben sonten mriki bade wonten damel ningkahanipun Kuswiti kalijan Mas Tohid menapa ngaten asmanipun, kulak ok inggih kirang damang saestu”, wangsulane Loso ngeblak.
Narator : Loso
Narati : Pratiwa
Hal : 24
22. “Dos pundi mbakju, wonten lelampahan kok kados makaten?”.
“mBakyu Potro durung mangsoli, Pratiwa digered menjang petengan rada adoh karo regol. Karo manut panggendenge mbakju Potro, Pratiwa merlokake meling menjang Loso; “Enggih pun pak Loso jen adjeng diutus. Ning poma dipoma ampun nganti onten sing ngerti jen kula wonten mriki".
Narator : Pratiwa
Narati : Loso
Hal : 24

23. “Sinten ta, mbakju?" Pitakone Pratiwa ora saranta.
"O-ja talah diiiik," mangkono penjaute mbakju Potro karo ngundjal napas." Jen ora kebeneran, blai tenan dik, Genah iki Pak Tata kena ing blituk. Wis ki tjeta gawat banget kahanane. Mung kari gumantung ana Kuswiti; jen ora katut klebu wuwu ja isih ketututan, dene jen nganti Kuswiti katut kena apusing rembug manis, ja wis prasasat nututi lajangan pedot, dik".
Narator : Pratiwa
Narati : Mbakyu Potro
Hal : 26

24. “Lo-dos pundi ta mbakju? Kula aturi ndjlentrehaken ingkang tjeta ta. Kula rak taksih radi kirang damang".
“O ngertia ja dik. Prijaji loro kuwi mau Den Wiro sawidjining prijaji kang kaluwihane bab nglantarake rembug salaki rabi wis kaloka banget. Nanging tjongkok mono sawidjining dalan, dadi jen djagone atos, mesti ja gede pangarep-arep menjang unduh-unduhane. Wah tur kuwi wis kaloka mungguhing kapinterane nindakake guna-bisa lan djapa-montro. Ta pije, dik? Sapa sing ngerti jen djebul sliramu arep ngalami patjoban kang kaja mengkene.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 26
25. “Tjeta banget jen anggone Pak Tata ora pati ngendikaake bab pepatjanganmu karo si Kus kuwi, ja ana sabab mengkene iki. Wis tjeta banget aku saiki", pangandikane mbakju Potro karo sadjak wis ora krasan ana papan kono, kumudu kudua arep ninggalake.
"Lo ladjeng kados pundi punika mbakju" pitakone Pratiwa gugup.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 26

26. “Inggih mbakju, sampun-kula sampun ngertos kersa
pandjenengan. Ladjeng kula padosaken andong punapa kados pundi?"
“Ora dik. Wis mengko dak golek karo mlaku." Sapungkure mbakju Potro, Pratiwa isih glibat-glibet ana petengan ngisor asem. Ing batin kapeksa negakake mbakju Potro kundur dewe. Osiking batin nata atine keprije kepenake anggone arep rembugan karo Kuswiti.
Narator : Pratiwa
Narati : Mbakyu Potro
Hal :27

27. “Di enteni sawatara suwe Pak Loso ora djumedul. Malah botjah mau ali maneh,; “Pak Loso ken mriki napa pripun?”
‘Ijo le. Ning adja nganti ngerti sapa-sapa, lo ja.”
Narator : Pratiwa
Narati : Bocah cilik
Hal : 28

28. “Dospundi Kang Loso, kok bandjur enten lalakon kaja ngeten niki pripun ?".
"Heeeeh - kula inggih ngantos boten ngertos kersanipun Pak Tata. Saja xnalih namung tijang sasat kepanggih rentjang ngertos kula menapa. La ingkang kula manak punika rak pandjenengan. Pandjenengan punika pangrengkuhipun bu Tata rak sampun kados anak pijambak, kok djebul ka¬dos makaten kadadosanipun".
Narator : Pratiwa
Narati : Loso
Hal : 28

29. “Sakniki ngeten kang Loso. Upamane kula adjeng butuh ketemu kalih Kuswiti pripun. Kinten-kinten saged napa boten ?"
“O-ngaten. Tjobi mangke kula tuwenanipun ing kamaripun. Nanging manawj pandjenengan tetep wonten mriki, punapa boten katah pakewetipun ? Luwung pandjenengan kula aturi rawuh ing wingking kemawon; ngentosi wonten sepen wingking ingkang sapunika suwung namung kangge wadah blekketekan lan boten dipun ambah tijang.
Narator : Pratiwa
Narati : Loso
Hal : 29

30. “Apa kang Loso?” panguwuhe Kuswiti karo noleh.
Loso rumongso kebeneran during nganti njapa wis kaweruhan Kuswiti.S asmitane tangane ngantjarani Kuswiti supaja rada njedak, mundak krungu uwong.
Kuswiti gage njedaki Loso karo takon: “Ana apa, kowe kok sadjak njala wadi”.
Narator : Kuswiti
Narati : Loso
Hal : 30

31. “Lo - arep apa ketemu karo aku ?" pitakone Kuswiti ora semu kaget.
Loso wis kuwatir manawa Kuswiti arep njulajani karepe. Mulane tangane kiwa mbandjur ditjandak, tjek; terus digered metu. Ana ngemper ndalem tudjung ora kaweruhan ing uwong. terus mak tlusup mlebu kamar sepen. Tekan ndjero kamar sepen Kuswiti arep beka. Tangane arep ditarik, nanging Loso ora kurang weweka wis dikentjengi disik.
Narator : Kuswiti
Narati : Loso
Hal : 31

32. “Lo - dateng saking pundi ta, mbakju ?"
“O - ja kuwi tak ngertenana ja dik. Ning kene ta mbok mlebu ngomah wae, kene”, ngendikane mbakju Potro karo ngantjarani Pratiwa mlebu ngomah.
Narator : Pratiwa
Narati : Mbakyu Potro
Hal : 36

33. “Kamas punapa dereng wungu, ta mbakju?" pitakone Pratiwa karo djangkah lawang.
Durung nganti mbakju Potro aweh wangsulan, mas Potro wis dehem-dehem metu saka kamar. Kirane uga kebribenan suarane mbakju Potro anggone greteh ngendikan.
“Kene dik, lungguh kene", ngandikane mas Potro karo isih lojob paningale.
Narator : Pratiwo
Narati : Mas Potro
Hal : 36

34. “Mestine deweke rak ora kena, disalahake, ta; wong raung sakderma dadi dalan, tur wis ana kang nampani. rak ija ta ?"
“O inggih. Dados punika rak inggih den Wiro ingkang pandjenengan ngendikakaken punika ta ?"
“La ija, dik, ja prijaji kuwi", wangsulane mbakju Potro karo noleh namatake kumrengsenging tjeret ing sandinge.
“Dadi genahe mengkene dik. Sing djenenge Mas Tohid kang didalani karo den Wiro mau, anane ditampa karo pak Tata, amarga gelem aweh tukon sepuluh ewu rupijah. Dadi duwit semono iku mau sing ndjalari pak Tata mbandjur, lali marang sakabehe.
Narator : Mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 37

35. mBakju Potro mangsuli : “Wis, wis, mengko nek dik, Pratiwa nglendeh ngono, aku mundak ora sida nesu, lo aku".
“Lo - bade duka kados pundi ta, mbakju ?"
“Apa aku ora rumongsa isin ta dik. Wong gede tjilike aku iki rak ja klebu wong sing dilanggar kapribadenku".
“Kersanipun mbakju bade kados pundi ?"
Narator : mbakyu Potro
Narati : Pratiwa
Hal : 38

36. Saka gandok bu Tata nututi tamune semu gita karo pitakon :
“Lo-nak Potro, kene..... .rak ja pada keslametan, ta ?"
“Wiludjeng, bu", wangsulane mbakju Potro tjekak.
Narator : Bu Tata
Narati : Mbayu Potro
Hal : 38

37. ..Eeehm - kosik ta", mangkono panjapane Pratiwa.
Wanita mau namatake sapa kang njaru. Bareng wis tjeta tenan lagi mangsuli: “Lo, mas Pratiwa; lagi wae rawuh apa wis suwe iki mau ?"
Pratiwa durung nganti mangsuli, wis nambah pitakone: “Rakane ja rawuh, apa?"
"Ora bisa rawuh," wangsulane wanita mau tjekak aos.
“Wah, mangka jen rawuh aku rak bisa tepungan pantjene.
Narator : Kuswiti
Narati : Pratiwa
Hal : 44

38. Pratiwa mung meneng tumunggkul ora mangsuli.
“Wis dikepenakake lungguhe kono. Apa menjang ndalem apa pije ?" mangkono bu Tata ngantjarani Pratiwa.
“Sampun bu, mriki kemawon".
Narator : Bu Tata
Narati : Pratiwa
Hal : 45

Tidak ada komentar: