Senin, 12 April 2010

Bima Maneges

Bima Maneges

Kaya sing wis dingerteni, Bratasena ksatriya sing kasil nyecep ngelmu ngenani kasampurnaning urip marang sang Dewa Ruci ing telenging samudra minangkalbu. Nalika ngelmu iku ditrapake marang bebrayan agung ing Negara Ngamarta, Werkudara krasa yen manungsa ing Negara Ngamarta akeh sing rusak, akeh sing pada ora manut maneh marang aturan kang wis ana ing Ngamarta. Mula saka iku Negara dadi rusak, bubrah lan akeh bebendu, memala, lan bencana.
Ngerteni kahanan sing kaya mengkono, akeh para tetungguling Negara Ngamarta sing oncat saka Negara kanthi tekad lan niyate dhewe-dhewe. Semar lan Werkudara lunga nglambrang saka Ngamarta, ndonga mring gusti supaya bisa ngadhepi perkara ing Ngamarta.
Nalikane Werkudara ndonga mring gusti, tapa ing telenging alam sunyaruri, dheweke ketemu Sang Hyang Wenang. Ing kalodhangan iku, Hyang Wenang ndangu marang ruwet renteng sing disangga Werkudara. Sang Panenggak Pandhawa ngandharake yen sawise ngelmu kasampurnan iku ditrapake ing Ngamarta, pranyata ekeh wong sing rusak lan ngrusak Negara awit saka kacamata ngelmune Werkudara. Negarane katon semrawut ora ana sing bisa ngatur kauripan kang tentrem kaya biyen.
Kanthi wicaksana Sang Hyang Weuang paring pemut marang Werkudara, yen isen-isen ngalam ndonya ki yen disawang nganggo ngelmu kasampurnan mesthi wae ora bakal sampurna. Kabeh mau nduweni kekurangan dhewe-dhewe. Sing bisa dilakoni mung mulang wuruk ing sasama supaya bisa dadi manungsa kang utama. Nuntun manungsa supaya mestuti mring gusti kang bisa ngucalake lelakon kang ora becik.
Rumangsa marem anggone antuk wangsulan saka Sang Hyang Wenang, Werkudara mulih ing ngalam Arcapada. Jibahan anyar sing disangga saya abot yaiku kudu njejegake pranatan Negara Ngamarta sing wis remuk lan ndandani warga Negara Ngamarta.
Tanpa dinyana, ana ratu raseksa utusane Prabu Suyudana kanggo ngorak-arik Negara Ngamarta kang jenenge Prabu Tejalelana. Anggone ngamuk, Prabu Tejalelana ditandhingi Raden Janaka nanging kalah ing palagan. Sing bisa mungkasi gawe yaiku Semar sing uga bubar oncat saka Ngamarta saperlu maneges mring gusti. Prabu Tejalelana bisa dibrastha badhar sejatining wujud dadi Togog Tejamantri. Kanthi sirnaning Prabu Tejalelana, kahanan Negara. Ngamarta pulih tentrem ora ana maneh polatan kang agawe geger Ngamarta.

1 komentar:

habibahoch mengatakan...

JM Hospitality & Entertainment Announces $4.4B Multi-Year
The JM Hospitality & 의정부 출장안마 Entertainment 군산 출장안마 Company (JMTEC) has today 아산 출장안마 announced the addition 제주 출장마사지 of 부천 출장마사지 $4.4 billion online gaming business,